Nganjuk iku tekan 2 kata. Yaiku Ngan lan Juk. Ngan iku maksute ngangenin, Juk artine arek’e ora mbijuk. Lak digabungne dadi arek Nganjuk kuwi ngangenin tur ora mbijuk....
Hahaha guyon rek...
Tradisi
Piton Piton
Tradisi piton piton diadakne gawe selametan marang wong wadon
ingkang hamil pitung wulan. Ing Tradisi piton Nganjuk biasane acarane yaiku
gebyar koin. Sakwise setengah ember duwek koin disebarne, Atusan arek sampek
wong gedhe iki langsung royokan sampek enek sing desel deselan. Masio sampek
desel deselan, arek arek cilik iki ngaku seneng lantaran oleh welasan duwek
pecahan limang atusan (500) repes digawe tambahan duwek jajan.
Gebyar
duwek koin iku termasuk bagian sangka prosesi piton piton sing di adakne ning
sekitar daerah Kabupaten Nganjuk.
Maksud Saka 7 Batang Tebu lan 7 Ondho
Piton piton sing dipercoyo masyarakat Jawa tepate pas
bocah cilik lanang lan wadon umur pitung (7) tahun. Ing acara tradisi iki, Wong
wong nyepakake alat alat ingkang digawe acara piton piton, yaiku 7 ondho sing
digawe saka batang tebu ingkang artine umure arek cilik iku mau lan ngarepake
supaya diwenehi urip inkang penak utowo apik, karo panganan sing duwe arti
filosofi dewe.
Kurungan Anak
Sakbare
sang bocah diadosi karo banyu kembang, wong tuwo nglambeni karo mahkota saka
godong kelapa enom (janur) sing duwe arti sang arek dikarepake iso duwe derjat
ingkang dhuwur.
Sakliyane
iku sang arek lan ibune dilebokne ing kurungan karo gowo pitik sitok. Kurungan
iki dimaksudne kanggo gambaran urip manungso dibatesi karo aturan-aturan supaya
kelak dewasa dikarepake sang bocah iso ngurmati wong tuwane.
Sak
lanjute sang bocah dibimbung karo wong tuwane mlaku ngideki kain lan panganan
sampek munggah ning dhuwur ondho. Proses iki duwe makna bahwa urip manunsa
butuhake sandang lan pangan,terus munggah andha digawe munggahake drajat sang
bocah ingkang dhuwur.Kaliyan acara iki wong tuwa ngarepake anake dadi bocah
ingkang apik bebudene,diwenehi keslametan ing ndunyo lan akhirat. AAMIIN...
Kunjungi Juga sman1kertosono.sch.id
Tidak ada komentar:
Posting Komentar